Kaweruh Babagan Keris
Keris
minangka budaya asli Indonesia wus diakoni marang UNESCO minangka Warisan
Budaya Takbenda kang wus disahke ing tahun 2005. Keris kacathet minangka Karya Agung Budaya
Lisan lan Takbenda Warisan Manusia (Masterpiece
of the oral and Intangible Cultural Heritage of Humanity). Diprakarsai
dening Prof. Dr. Sri Hastanto minangka Deputy Nilai Budaya, Seni lan Film, ing
wulan Mei 2004 nganti bisa ditampa dening UNESCO ing sasi Nopember 2005.
Keris
asal muasale saka gaman logam kanggo nyuduk awit jaman Megalitikum. Sejatine,
belati logam utawa gaman suduk iki minangka prototype awal mulane keris. Banjur
sawise peradaban kang wus sansaya maju, wus ngerti teknik pengecoran lan
penempaan logam, gaman suduk kang wus
awujud belati iku lekas dikembangake. Awal mulane, gaman iki sifate luwih
fungsionl kanggo peranten gaman. Sansaya suwe, ana proses perumitan desain lan
penyisipan simbol-simbol tartamtu kang ngemot makna. Mula fungsi keris iki
malih ora mung minangka gaman, ananging uga dianggep pusaka amarga ing keris
iki ngemot pralambang lan pangajab kang agung.
Anane
istilah keris iki asal muasale saka tembung “Kres” kang katulis ana ing
prasasti kuna ing Jawa. Salah siji prasasti kang nyebutake tembung “kres” yaiku
prasasti Karangtengah. Prasasti perunggu Karangtengah iki ngemot angka 746 Saka
kang nyebutake Patuk lan Kres. Ing prasasti iki uga disebutake jeneng alat
kayata …lukai 1, punukan 1, wadung 1, patuk kres 1, (Djoko Soekiman, Keris
Sejarah dan Fungsinya)
SINAU PERANGANE KERIS
Umume
wilah keris kapetang dadi telung perangan, yaiku pucuk utawi panitis, pangawak,
lan sor-soran.Sor-soran keris iku uga nduweni perangane dhewe-dhewe, yaiku, ganja(ana
uga kang ganjane iras utawa utuh dadi siji karo wilahe). Ing sisih ngisore sor-soran
ana pesi, pesi iki pas ana ing satengahe titik imbang wilah. Pesi kasebut
fungsine minangka penyambung antarane wilah lan jejeran keris. Tikel alis,
jenggot, kembang kacang, Jalen, lambe gajah, pijetan, pesi, dha, bungkul,
ri-pandhan, gandhik, pijetan, bawang sebungkul, lan sogokan. Iku kabeh minangka
perangane sor-soran. Anane ricikan kang manggon ing sor-soran iki amarga supaya
fungsi utamane keris yaiku kanggo gaman ora ilang, banjur ricikan kang ngemot
pralambang iki dipanggonake ana ing ngisor supaya keris mau tetep bisa kanggo
nucuk.
Sumber : Buku Keris Unggul Sudrajat, Serat Centhni, Buku Keris Antara Mistik dan Nalarr Haryono Haryoguritno
Waiki
BalasHapussuhu...
HapusWaa muridku
BalasHapusPrekk
BalasHapusMatur nuwun awit seratanipun. Estu damel tambahe ngelmu..
BalasHapusInggih bu sinden, taksih gladhen. Taksih kathah kinthal-kinthulipun serat.
BalasHapusSumongga mbokmenawi wonten koreksinipun maturnuwun sanget