Miturut cara Surakarta
1. Ogleng/ngoglengaken keris
Pangageming keris wonten sela-selaning sabuk, sap kalih utawi tiga saking nginggil. Kerisipun ndoyong nengen, ukiran lan warangkanipun madhep manginggil. Ginanipun kangge kaperluan tamu, mantu, lan sanes-sanesipun.( Salebeting suwasana bingah)
2. Dederan/andhoran
Pangageming keris wonten sela-selaning sabuk, sap kali utawi tiga saking nginggil. Keris jejeg, ukiran lan warangkanipun madhep mangiwa. Ginanipun kangge ngadhep/sowan sesepuh utawi nginggilan, wonten ing papan ibadah, panggenan ingkang dipunanggep suci, ateges ingkang ngagem punika ngurmati dhumateng ingkang dipunadhepi.
3. Kewal/angewal pusaka(keris/dhuwung)
Pangageming keris wonten ing sela-selaning sabuk, sap kali utawi tiga saking nginggil. Kerisipun madhep mangiwa, lajeng ukiran lan warangkanipun madhep mangandhap. Ginanipun kangge prajurit wekdal siyaga.
4. Sungkeman/anyungkemaken pusaka(keris/dhuwung)
Pangageming keris wonten ing sela-selaning sabuk ingkang tumpukanipun wonten ing inggil epek, warangkanipun mepet kaliyan garis tumpukan sabuk, gandar nginggil mboten katingal, ukiran lan warangkanipun madhep mangandhap lan dhoyong manengen. Ginanipun kangge nderekaken jenazah (kesripahan).
5. Angga/angagar pusaka (keris/dhuwung)
Pangageming keris mboten wonten sela-selaning sabuk wingking, ananging ageman epek sisih kiwa dipuntambah gantungan wadhah pusaka. Keris punika mlebet wonteng wadhah katingal ngadeg jejeg ing tengahing pupu kiwa. Ginanipun wekdal rumiyin punika kangge pangarsaning baris.
6. Sikep/anyikep keris
Pangageming keris mboten wonten sela-selaning sabuk wingking, ananging wonten ngajeng sanginggiling ageman timang sakedhik mangiwa, kerisipun dhoyong manengen. Ukiran lan warangkanipun madhep mangandhap. Ginanipun kangge para ulama ingkang ngagem jubah.
7. Brongsong/ambrongsong pusaka (keris/dhuwung)
Pangageming keris kados sikep/anyikep keris. Namung keris ingkang dipun bekta punika kedah dipunbungkus rapet mboten katingal. Ginanipun kagem para utusan ingkang dipun pitados ngasta pusakanipun ratu, ingkang ateges kedah dipun jagi lan sampun ngantos titang sanes mangertosi.
Kapetik saking buku "Buku Tuladha Jangkep Kagem Para Panata Adicara" ingkang rinacik dening Soenarwan Hadi Poernomo lan Latimin Winoto Adi